Haloo kanca-kanca. wong ngapak teka maning neng mbah Google. Mbagikna ilmu kanggo ko pada. simak ya!
Lah dina kiye, inyong arep ngwei contoh babagan pacelathon. Pacelathon kuwe yaiku omong-omongan antara wong 2 utawa luwih, neng bahasa Indonesia pada bae karo percakapan. Contoh utawa tuladhane:
Minah lan Slamet
Minah : Eeee kang kang. Arep mg ndi?! Kopine kiye koh. Dinum
disit! (ngomong nggero-nggero karo mandan mlayu nyamperi Kang mase)
Slamet : Tuku boled neng Kejobong,bolede mletak loro. Rika nek dadi wong, ora usah kepo.
Minah : lhah rika kan
bojone nyong. Masa inyong ora olih ngerti rika arep ngendi kang.
Slamet : inyong arep
maring gone biyunge sedela. Marani klapa.
Minah : geh nyong olih
melu kang? Sisan jalan-jalan ming alun-alun mayuh.
Slamet : kiye wong maning si. Marani klapa koh malah ming
alun-alun. Ndesa temen rika? Enggane
klapane arep digawa ming alun-alun? Dodol degan sisan neng kana?
Minah : ngembang kacang, mbesengut ora ketulungan. Aja
mbesengut bae ya kang. Nyong Kan pengin jalan-jalan karo koe kang. Apa aku ora
ayu maning kang? ( raine mandan mbesengut)
Slamet : ya allah Minah, udu kaya kue cintaku. Ko kue wong
wadon sing paling ayu neng matane nyong.
Aku kur lagi kesel bae. Ya wis lah mayuh jalan-jalan. Njiot klapane ngesuk bae
ya kena. Ben bojone nyong sing paling ayu kye ora memble bae.
Minah : aja nggombal ya kang. Aku kan dadi isin kang. (raine
abang karo cengar-cengir dewek)
Slamet : alah pret! Biasa ngisin-ngisina be. Ora han
cengar-cengir! Nganah ganti klambi sing apik. Sida jalan-jalan ra kiye?
Minah : eh ya sida ya. Enteni dela ya kang. Nyong cinta
marang koe selawase. Lophyou pholepel kang slamet.
Slamet : hmm
Nah kue mau tuladha pacelathon sing cendek. Mugi bermanfaat ya kanca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar